Tak Berkategori  

Manôk Garuda Enom Lahér Réng Kawasan TNGHS

Faktanews.co.id.-(Gedobos Osing)– Anaké Elang Jowo Lahér réng Taman Nasional Halimun Salak dikarepaken dadi penerusé hang nguwasani Tahta Langit.

Elang Jowo (Garuda cilik) hang buru baén Lahér iku diarani “Prawara” hang nong bahasa Sansekerta artiné paling nong ngarep.

Anaké Elang Jowo (Garuda cilik) lahir réng Taman Nasional Halimun Salak, awal April 2021.

Pengendali Ekosistem Hutan (PEH) réng Balai Taman Nasional Gunung Halimun Salak (TNGHS), Wardi Septiana njelasaken, gok saben tingkah polaé pasangan manuk elang Jowo iki direkam, mulai sakat gawé séséh, ngeremi ndog sampèk sak netesé.

Kelahiran iki miturut iyané mulo dititèni kelawan temenanan ambi tim monitoring Elang Jowo Balai TNGHS sakat ulan Desember 2020 kepôngkôr.

“Kito nganggô teknologi lan masang kamera CCTV nong parek sisihé. Kejobo iku ugo nyambông nong jaringan internet segkabèhé tingkah polaé pasangan manuk elang Jowo sak suwène perkembangbiakan, biso dideleng coro onlain lan dimonitor neng android,” jare reng laman resmi Kementerian Lingkungan Hidup lan Kehutanan, Seloso (20/4/2021).

Manuk Elang Jowo iki salah siji teko telung spesies kunci neng TNGHS lan diarani satwa endemik Pulô Jowo.

IUCN nggolongaken manuk elang Jowo iku dianggep satwa hang mèh punah lan Pemerintah Indonesia nyebut manôk elang Jowo iku satwa hang dilindungi.

Elang Jowo ngalami mong sepisan laku berkembangbiak sak suwene rong taön, semônô ndoge yo mong siji ndil. mangkané populasiné sitik.

Baca juga:  PPKM Darurat Mulai 3-20 Juli

Mergo iku, salah sijiné rencana kanggô nambah suksesé perkembangbiakan (breeding success) Elang Jowo iku carane kelawan ngawasi lan njogo wit-witan panggon sisihe manuk Elang Jowo hang mage aktif.

Reng ekosistem, Elang Jowo nduweni peranan hang penting yoiku dadi indikator èlèk lan apiké kawasan alas. Umumé habitat Elang Jowo ono réng alas primer lan héng pati akèh ono réng alas sekunder hang parek/wates ambi ecotone.

Kawasan TNGHS hang dadi alas udan tropis pegunungan paleng wèroh hang magé katon néng Pulô Jowo. Diyakini dadi panggonan paling cocok kanggô manôk elang koyo iki.

Kecatet molai sakat taön 2015 sampèk taön 2021 wés ditemokaken 12 sisihé manôk Elang Jowo aktif réng kawasan taman nasional iki, antarané 9 sisihé manôk réng kawasan Gônông Salak lan 3 sisihé manôk réng kawasan Gônông Halimun.

Koyo taön-taôn sedurungé, Tim Konservasi Elang Jowo Tanahalisa nganakaken perlindungan lan pengawasan sisihé manôk Elang Jowo aktif kelawan rutin saben taön, iku wés dilakoni sakat ahér taön 2020.

Wardi nyampèkaken, dideleng teko asilé pengawasan réng lapangan, pasangan Elang Jowo hang kepantau katon berkembang biak yoiku “Prabu lan Ratu” disingkat “PRATU”. Lan wes dipantau kelakoané berkembang biak sakat taön 2019, naméng dipantau kelawan temenan molai ulan Desember 2020.

Sak terusé, dipasang kamera CCTV dimolai awal ulan Februari 2021.
“Teko asilé data monitoring kamera CCTV, Ratu ngendoh ndog tanggal 21 Februari 2021.

Baca juga:  PELAKU HANG NEMBAK NGAWÔR NONG MABES POLRI KEPINGIN EMAKÉ NINGGALAKEN RIBA

Sak suwène 47 dino ngerem, ahiré ndog PRATU netes tanggal 9 April 2021, pas dino Jum’at jam 05.47 WIB. Detik-detik proses netesé ndog dibantu ambi Ratu (baboné) sakat jam 05.30 WIB, kedadèané iki dimonitor coro onlain reng Android,” jelasé.

Wardi ngomong, gok iku mau dadi asil kang marai ati bungah kerono polah tingkahé manuk Elang Jowo biso disorot langsung kamera sak njerone laku berkembang biak, lan iku mau biso dideleng coro onlain reng androit, iku dadi hang pertama reng bumi Nusantara.

Iyané ngarepaken, Prawara biso geliso gedi lan seger waras dadi penerus hang nguasani tahta langit réng Taman Nasional Halimun Salak.

Dibutuhaken ubet lan tandang bareng masyarakat kanggo ngawal lan njaga Prawara sampèk gedi, lan ugo kelestarian keanekaragaman hayati reng TNGHS.(*).

Diusingaken : Momo

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *