Tak Berkategori  

Warga Sambat Selokan Neng Parek SMA 1 Banyuwangi Heng Marek-Marek

FaktaNews.-(Gedobos Osing)– Warga neng sekitaran SMA 1 Kota Banyuwangi Sambat pembangunan Got (Drainase) di lingkungannya heng marek-marek sampek saiki,(3/7/21).

Warga Kertosari Krajan RT 01 Rw 04 ngaku wes 3 bulan iki kudu ngenteni lan ngerasakno heng enak mlaku, paran maning Liwat nganggo sepeda montor neng dalan kono gara-gara galian neng lorong heng digarap-garap PU Banyuwangi.

“Iku hang garap CV.Putra Teknik, marel joger-joger kok ditinggal, wong arep mlebu umah repot, gawe sasak kayu, hang duwe mobil yo heng biso mlebu,”jare ari warga parek kono.

Warga kuatir got iku heng digarap maning, soale Kontrak e ng papan ditulis 45 dino kerjo tapi wes 3 Ulan heng digarap.

“PU kudu weroh iku, kudu dimarekno geno heng ngganggu wong mlaku, mosok marek keduk-keduk trus ditinggal,” Jare kiki.(*roj/kin).

Baca juga:  Wong Ayu Kinyis-Kinyis Jare Merkosa Lanceng Tanggong

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *