FaktaNews.-(Banyuwangi)– Podo ambi taun sak durunge, tiap tanggal 30 ulan September masyarakat Banyuwangi lan daerah lio ngenget Cemetuk.
Neng Cemetuk diinget sejarah matine lare-lare nom Ansor Banyuwangi.
Cemetuk iku aran salah sijine dusun neng Deso/Kecamatan Cluring, jarak e teko Banyuwangi kuto sekitar 45 Km.
Neng Cemetuk ono sumur hang dinggo mendem 62 lare nom Nahdlatul Ulama (NU) Ansor.
Lare Ansor iku teko ng kundangan Gerwani hang nyamar dadi Fatayat.
Wong PKI ambi Gerwani ngeracun panganan, Lare semono akeh e terus dipateni ono hang di beleh pisan.
Kejem e PKI, wong semono dikubur tumpukan neng telong sumur hang wes disiapno sak durunge.
Sumur hang gede diisi mayit Lare Ansor 42. Sumur 2 hang cilik diisi 10 an mayit lare Ansor.
“Acara tabur kembang iki, rutin tiap taun, kanggo meringati sejarah 30 September,” jare Sunarto Kepala desa Cluring, (30/9/21)
Mulai tahun 1994, neng area iku digawekno monumen Pancasila Sakti kanggo ngenget sejarah politik PKI hang kejem lan licik.
” Cemetuk wes diweni tenger monumen Pancasila Sakti,”jare Sunarto.(wan/kin).