Tak Berkategori  

Seniman Lan Budayawan Rame-Rame Nyaksekno Parade Puisi Lentera Sastra Reng Jopuro

Faktanews.co.id.–(gedobos Osing)–Penampilan mocoan Puisi lan drama hang dilakoni ambi Tjatur Pramukho Shakti, seniman lan Budayawan Banyuwangi, dikancani Istiqlal Syukri Ahmad (siswa kelas 4 MI Islamiyah Rogojampi) gawe ubrek Penonton parade Puisi reng Wisata Jopuro, Desa Kampunganyar Kecamatan Glagah, Minggu (13/6).

Ono penampilan wong rambut gondrong hang wes podo putih kabeh rambute iku, total temenan ulihe moco puisi ambi Syukri Ahmad, hang ngimbangi maine ugo kelawan apik gawe kaju penonton.

Kegiatan iki dianaken Komunitas Lentera Sastra (Terminal Literasi Pegawai Kementerian Agama) Kabupaten Banyuwangi,

Gawe iku ditekani Budayawan lan Sastrawan ugo guru penggiat literasi.

Pengurus Dewan Kesenia Banyuwangi (DKB) podo teko koyo tah Fatah Yasin Noor, Ketua Sanggar Merah Putih 45 Aguk Wahyu Nuryadi hang nguwani akeh masukan nong hang moco puisi.

Budayawan Banyuwangi hang ugo Ketua Komunitas Kiling Osing, Aekanu Hariyono, kesengsem deleng penampilan hang moco puisi Faiz Abadi ambi anak-anake loro.

“apik temenan, apik temenan, biso dadi salah sijine bahan ajar ngader sastra nong anak, kerono guru hang apik kanggo anak iku yo wong tuweke dewek” jarene.

Tour Guide hang wes keliling nong pirang-pirangne negoro iku ngarepaken semangat ngurubaken budaya lan sastra terus dipupuk kanggo tetep njogo kearifan lokal, tetep kejogo, termasuk apresiatif penampilan musikalisasi puisi Istiqlal Syukri Ahmad, siswa MI Islamiyah Rogojampi duet ambi emake, Yeti Chotimah.

Baca juga:  Malam Mingguan

H. Dimyati, Kepala Seksi PAIS (Pendidikaan Agama Islam) ngewakili Kepala Kantor Kementerian Agama Kabupaten Banyuwangi nyampekaken, anane komunitas Lentera Sastra iki, semangat literasi reng llingkungan Kantor Kementerian Agama Kabupatren Banyuwangi terus mencorong.

“Penulis reng Kantor Kementerian Agama nguweni nafas religi nong njero karyane lan nguweni corak web Kemenag provinsi lan nasional!” jarene.

Salah siji pengurus Dewan kesenian Banyuwangi (DKB) nguweni apresiasi nong ASN reng Kementerian Agama, gelem milu mandiri ngerumat Sastra dan literasi.

“Bungah lan ugo isin, kerono DKB dewek mage dorong ngelakoni kegiatan koyo hang wes dilakoni Lentera Sastra” jare Slamet Hariyanto hang biyasa diceluk Kang Momo.

Pengurus DKB liane koyo Nany Asiyani selain kagum panitia biso nganakaken kegiatan iku, Neng kesempatan iku Nany ugo nyampekaken Buku Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia nong Lentera Sastra.

“Buku iku di cetak ambi Mbok Emillia Contessa (anak kandung Hasan Ali) arep diwakaken nong hang bener-bener mbutuhaken,” jarene.

Ketua Lentera Sastra H. Syafaat nyampekaken gok paran hang dilakoni Lentera Sastra mugo-mugo dadi pemantik supoyo sastra hang wes merujuk subur reng Bumi Blambangan iki tambah merujuk lan ngembang.

“Kerjasama lembaga-lembaga tetep kudu dijogo lan dikembangaken kanggo perkembangan Literasi, Budaya lan sastra reng Kabupaten Banyuwangi” jare Ketua Lentera Sastra H. Syafaat nguweni semangat neng Wong Banyuwangi Kabeh.(Syaf/AWN/mo/kin).

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *