Faktanews.co.id.-(Gedobos Osing)– Wong-wong podo lengek mergo anané kabar gok wong wadon ayu kinyis-kinyis Jaré merkosa lancéng tanggông,
Kabar iki ngagètakaen jagat gosip kuto Probolinggo, Jawa Timur buru-buru baén.
Umurané wong wadon iku magé enom (28 taön) awaké koyo gitar sepanyol, rupane ayu koyo anak-anakan, tambahan inpormasi iki marai nambah gumôn lan penasaran.
Seng weruho wong ayu iku wés dadi rondo hang ujud tampilane wah, nggarai wong lanang katon buduh.
Propèsiné penyanyi dangdut hang nyanyi merono merené teko pentas siji nong pentas liyané.
Dadi yo akèh kesempatan DP (aran larené) dinggo golèt konco guyon lan demenan, paran maneng mong arep anu gedigonan.
Réng atine DP, laré lanang hang biyasa katon lan hang iyane kenal iku tukang potrèk marai iyane kesengsem.
Umurane lancéng tanggông iku buru 16 taön tamping dudu alangan kanggô DP nggolèt coro Makné iyané biso parek ambi lare enom iki (brondong).
Lha si brondong hang magé polos gelem baén dijak mlaku-mlaku lan madang bareng ambi DP, koyo wong sir-siran tah wés…
Arané sir-siran yo digu iku, kadang dibumboni ngombé alkohol dadiné rodo-rodo mabôk terôs kepingin indehoi, terôs biso dikiro-kiro kelanjutane.
Penyanyi dangdut lan tukang potrek brondong wes peng telu ngelakone gedigonan nong telông panggonan bedo-bedo.
Tapi sak pintere wong nyimpen Durèn yo tetep mambu, wong tuweké laré lanang iku keroso ono hang séng bener réng anaké mergo runtang rôntông ambi rondo lan ngakoni wes ngelakoni gedigonan.
Si brondong mulo héng kabotan malah seneng tapi wong tuwèké hang bengkerengan koyo kôcéng gorang, ngamôk.
Bapaké séng terimo, anaké lancingé wés ilang lan tatu réng gulu becake cokotan ulo lôwôk ugo ketrampilan deriji tangan hang diceritakaken polos anaké dadi bahan laporan perkosaan lan kekerasan seksual nong pulisi.
Dijôwôt teko macem-macem media héng dijelasaken alamat umahé rondo ayu hang didakwo merkosa lare lanang nganggô kekerasan seksual iku.
Identitas e Lare lancéng tanggông iku yo héng dijelasaken kumplit termasuk Bapaké, mong kedadèané Jaré réng Probolinggo.
Koreponden Faktanews.co.id terôs golèt inpormasi sak benere bab kedadèan iki.
Dikabaraken gok pulisi magé nyelidiki kasus perkosaan wong wadon ayu nong lancéng tanggông iki. (*me/Iz/kin).
Diusingaken : Momo