Faktanews.co.id.-(Gedobos Osing)– Dalan hang dadi liwatan arep nong panggon wisata Pantai Pulau Merah, Pantai Mustika lan Pantai Pancersoyo suwi soyo rôsak séng karuan.
Wés péng kapéng-kapéng ono kecelakaan réng kono mergo dalan rôsak iku mau, sampèk ono hang ilang nyowo.
Tambah ramé akèh hang nekani panggon wisata lan wés dibangun tambang emas réng wilayah kônô nyatane yo sengono pengaruhé paran-paran, dalan tetep rôsak.
Kuduné PT. BSI cepet tanggap nong lingkungan proyeké ďéwék, mosok koyo gedigu digenengaken baén, aléh aran tambangé kesuwur réng dunyo iki, mestine séng gedigi” Jaré (VD) wong sak kuplekan kônô,” Jare (VD) Warga Neng sekitar kônô.
Akéh hang nganggep PT. BSI, perusahaan hang nduwéni proyék tambang néng wilayah kônô, dana CSR (Corporate Social Responsibility) hang dibagékaken séng roto utowo péléh séh.
“Tandur gedang reng tengah dalan iku wujud merengkelé ati masyarakat.
“Dalan liwatan arep nong panggon wisata Pulau Merah rôsak, durung dikapak-kapakaken pemerintah, aléh wés diukuri paran iku tampéng yo dôrông dibijikaken.” Jaré (YO), wong kônô,(21/3/21).
Wong-wong poďo nuntut pemerintah ngertèni hang dikarepaken masyarakat lan gelem nyulungaken pembangunan dalan iku, makné dalan hang dinggô liwatan réng antarané Déso Sumberagung mlebu nong panggon wisata Pulau Merah lan Pantai Mustika iku ènak diliwati.
“Séngono niatan paran-paran, wong-wong mung njaluk dalan cepet dibijikaken” Jaré wong liyané. (Mm/kin).