Tak Berkategori  

Nggugat Royalti Wong Banyuwangi Ditolak, Rhoma Malah Dihokum Bayar Perkoro

Faktanews.co.id.- (Gedobos Osing)–Rhoma kudu mbayar perkoro mergo gugatan royalti hang diajokaken nong salah sijiné pabrék rekaman ditolak Majelis hakim Pengadilan Niaga réng Pengadilan Negeri Surabaya.

Di kabaraken, Rhoma Irama nggugat utowo nuntut PT Sandi Record mbayar kerugian akèhé Rp 1 miliar mergo wés ngunggah lagu-lagu karangan wyak Rhoma néng YouTube heng ijin lan heng mbayar Royalti.

Rhoma Irama liwat kuasa hukum Hulviam Pratama Nugraha SH nggugat nong PN Surabaya dino Senin, 25 Januari 2021. Nomor perkoro1/Pdt.Sus-HKI/Cipta/2021/PN Niaga Sby. ugo nuntut pihak Sandi Record njaluk sepuro liwat telung media massa gedi hang ono neng Indonesia.

Naméng réng persidangan sak suwène 77 dino, ping 8 sidang, pabrék rekaman hang ono réng banyuwangi iku biso diduduhaken bukti-bukti wes mbayar royaltiné.

“Nolak segkabèhé gugatan penggugat,” gedigu salah siji putusan hakim nong Sistem Informasi Penelusuran Perkara (SIPP) PN Surabaya Jumat, 16 April 2021.

Headline News njelasaken pengakuan Sandi Record wes tau ketemu Rhoma Irama sekitar 2009, bareng produser sak jawa timur.

Nong pertemuan iku mulo ono perintah Rhoma ono saksi, pembayaran Royalti hang disepakati biso liwat Yan Timala Owner Moneta Grup rabine Imron Sadewo.

Nong persidangam terbukti wés ono pembayaran royalti kanggô pihak Rhoma akèhé Rp 500 juta.

Pembayaran nong pihak agen atau kuasa hang milih yo Rhoma ďèwèk.

Baca juga:  Kabar Wong Ilang

Mergo Nong persidangan ugo terbukti wés ono pembayaran royalti kanggô pihak Rhoma akèhé Rp 500 juta  gugatané Rhoma ditolak.

Sebalik é Rhoma dihukum kudu mbayar biaya perkoro akehe Rp 539 ewu.(*Siip/kor/kin).

Kelendi Riko iku Kang Rhoma, kadung riko takon langsung nong PT Sandi,  mestine heng ono gugatan riko iki.

Diusingaken ambi : Momo.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *