Tak Berkategori  

Ngelestarekaken Seni Aljin, Lare-lare Milenial Belajar Mocoan Pacul Gowang 

FaktaNews.-(Ono Paran)– Pendopo Dinas kebudayaan Pariwisata Banyuwangi dadi rame suoro wangsalan lare-lare hang milu pelatian mocoan Pacol Gowang/Aljinan.

Lanang wadon peserta pelatian seni Aljinan podo semangat lan temenanan nyinau sastra lisan hang jaman bengen kesuwur (Tenar) neng warga Banyuwangi.

Seni Mocoan Pacul Gowang Aljinan iki sampek saiki nyatane mageh disenengi lan saiki coba dilestarikaken.

“Revitalisasi sastra lisan Banyuwangi kang ono reng kesenian mocoan Pacol Gowang iku penting kanggo ngerumat lan nguri-nguri budoyo Banyuwangi makne seng mandek lan biso terus sampek nong generasi nom-noman sampek reng dino mbisuke,” jare Hasan Basri, Ketua DKB Banyuwangi.

Aljinan neng jaman semono dadi tontonan seni hang digandrungi.
Meh tiap ono wong duwe gawe kawinan utowo sunatan, tanggapan Aljin di undang kanggo ngeramekaken gawene tuan rumah.

Pelatian iki digagas Kemendikbudristek didukung DKB, Dewan Kesenian Blambangan lan SKB, Sengker Kuwung Belambangan.

Aran Seni aljinan dijuwut teko aran pemain ne Aljin.

Aljin Seniman wangsalan tenar Banyuwangi lahir neng Deso Genteng 30 Juni 1921, Aljin ninggal dunyo Tahun 1997.

Wong Banyuwangi kabeh ngarepaken Mugo-mugo seni mocoan Pacol Gowang hang dikawiti Aljin iki tetepo lestari, seng mandek sampek samene. Ngucap sukur mergo sore pewarise wes ono yoiku lare-lare nom-noman hang masiyo milu pelatian mung rong dino naming asile nyenengaken lan pantes diagul-agulaken.

Baca juga:  Janji Nikahi, Pemuda Gambiran Hamili ABG 14 Tahun

Lare-lare mulo podo lancar lan seneng nong seni mocoan iku. Mangkane acara pelatian iku biso diarani sukses.(mo/kin).

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *