Tak Berkategori  

Ketua DPRD Banyuwangi : Gotong Royong Iku Intisarine Pancasila

Faktanews.co.id.– Ketua DPRD Banyuwangi Made Cahyana Negara katon milu teko meringati Dino Lahire Pancasila kelawa tahlil lan tumpengan bareng warga reng Balai Deso Telemung, Kecamatan Kalipuro, Senin wengi (31/5/21).

Made bareng Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani hang ugo milu teko ngadiri acara, Sekretaris Daerah Mujiono campur baur ambi masyarakat ning kono milu meringati Dino Lahire Pancasila.

Kelawan protokol kesehatan, wong-wong podo khusuk Salat Maghrib jamaah, bareng tokoh agama lan warga sekitar kono.

Sak marine terus tahlil lan moco kalimat-kalimat thayyibah.

Wong-wong podo ndungakaken bareng nong Presiden pertama RI, Ir Sukarno, salah sijine tokoh hang milu ngereng-reng Pancasila hang dijuwut teko landasan tradisi lan kearifan rakyat Indonesia.

Ketua DPRD Banyuwangi I Made Cahyana Negara ngomong, kelawan meringati Dino Lahire Pancasila reng deso, nguweni pesen semangat gotong royong warga deso. Gok gotong royong iku intisarine pancasila.

“Kelawan macem-macem program, Pemkab lan DPRD Banyuwangi ngajak gotong royong masyarakat, kerono hakikate Pancasila iku gotong royong mbangun bongso,” jarene.(*roj/kin).

Baca juga:  Jokowi Nyampèkaken Larangan Mudik Lebaran Kanggo Medot Alur Penularan Covid 19

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *